Sat,2 May 2026
USD41,57
%0.21
EURO48,55
%0.10
GBP55,54
%0.10
BIST11.258,72
%-1.04
GR. ALTIN5.012,06
%0.23
İstanbul
Ankara
İzmir
Adana
Adıyaman
Afyonkarahisar
Ağrı
Aksaray
Amasya
Antalya
Ardahan
Artvin
Aydın
Balıkesir
Bartın
Batman
Bayburt
Bilecik
Bingöl
Bitlis
Bolu
Burdur
Bursa
Çanakkale
Çankırı
Çorum
Denizli
Diyarbakır
Düzce
Edirne
Elazığ
Erzincan
Erzurum
Eskişehir
Gaziantep
Giresun
Gümüşhane
Hakkâri
Hatay
Iğdır
Isparta
Kahramanmaraş
Karabük
Karaman
Kars
Kastamonu
Kayseri
Kırıkkale
Kırklareli
Kırşehir
Kilis
Kocaeli
Konya
Kütahya
Malatya
Manisa
Mardin
Mersin
Muğla
Muş
Nevşehir
Niğde
Ordu
Osmaniye
Rize
Sakarya
Samsun
Siirt
Sinop
Sivas
Şırnak
Tekirdağ
Tokat
Trabzon
Tunceli
Şanlıurfa
Uşak
Van
Yalova
Yozgat
Zonguldak
  1. News
  2. Opinion
  3. Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Nggugah Semangat Maos Al-Qur’an Persiapan Numuju Ramadhan 

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Nggugah Semangat Maos Al-Qur’an Persiapan Numuju Ramadhan 

khutbah-jumat-bahasa-jawa:-nggugah-semangat-maos-al-qur’an-persiapan-numuju-ramadhan 
Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Nggugah Semangat Maos Al-Qur’an Persiapan Numuju Ramadhan 
service

Membaca Al-Qur’an merupakan salah satu ibadah yang memiliki fadhilah sangat agung. Selain pahalanya yang besar, orang yang senantiasa membaca Al-Qur’an kelak pada hari Kiamat akan mendapatkan syafaat dari Al-Qur’an. Pada dasarnya, membaca Al-Qur’an sangat dianjurkan kapanpun dan di manapun. Namun, bagaimana jika membaca Al-Qur’an dilakukan pada bulan-bulan yang diistimewakan oleh Allah, seperti bulan Sya‘ban? Apakah terdapat keutamaan yang lebih dibandingkan bulan-bulan lainnya?

Teks khutbah berikut ini berjudul: “Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Nggugah Semangat Maos Al-Qur’an ing Wulan Sya‘ban Minangka Persiapan Tumuju Rawuhipun Ramadhan”. Untuk mencetak naskah khutbah Jumat ini, silahkan klik ikon print berwarna merah di atas atau bawah artikel ini (pada tampilan desktop). Semoga bermanfaat!

Khutbah I 

الْحَمْدُ لِلهِ الَّذِيْ أَكْرَمَنَا وَفَضَّلَنَا بِشَهْرِ شَعْبَانَ، شَهْرِ قراءةِ القرآنِ عَلَى الْإِنْسَانِ، أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ الْمُوْعِدُ بِالْغُفْرَانِ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الْمَبْعُوْثُ بِدَعْوَةِ الْإِسْلَامِ وَالْإِيْمَانِ. اللهم صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ حَبِيْبِ الرَّحْمٰنِ، وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِيْهِمْ بِإِحْسَانٍ، إِلَى يَوْمِ الْبَعْثِ وَالْمِيْزَانِ . أَمَّا بَعْدُ: فَيَاآيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ اِتَّقُوا اللهَ، اِتَّقُوا اللهَ تَعَالَى حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ

Hadirin jamaah Jumat rahimakumullah

Sumangga kita sami ningkataken anggen kita iman lan taqwa dhumateng Allah. kanthi nindakake perintah-perintahipun lan nebihi cecegahan-cecegahanipun. Keranten iman lan taqwa menikalah dados margi ingkang lurus ingkang badhe nuntun kita dhateng kawilujengan lan kamulyan wonten ing donya lan akhirat. Gusti Allah dawuh wonten al-Qur’an :

إِنَّ اللهَ هُوَ رَبِّيْ وَرَبُّكُمْ فَاعْبُدُوهُ هٰذَا صِرَاطٌ مُسْتَقِيمٌ (الزخرف : 64) 

Artosipun: “Satemene Allah iku Pangeranku lan Pangeranira, mulane padha nyembaha sira marang Panjenengane!, iki meningko dalan kang lurus.”

Hadirin rahimakumullah

Perlu dipun mengertosi bilih sapunika kita tasih wonten ing wulan Sya’ban ingkang ugi kalebet wulan ingkang dipun mulyaaken dening Allah. Sayyid Muhammad bin Alawi al-Maliki wonten salah setunggal kitab anggitanipun ingkang dipunwastani “Madza Fi Sya’ban” koco 44 maringi keterangan bilih wonten ing sebagian atsar dipunsebataken, wulan Sya‘ban sinebat “wulan Al-Qur’an”.

Sampun maklum bilih maos Al-Qur’an punika prayogi lan dipunanjuraken ing saben wekdal, nanging langkung dipunkukuhaken ing wekdal-wekdal ingkang mulya lan mubarakah, kados ta wonten wulan Ramadhan lan Sya‘ban, ing Makkah al-Mukarramah, Raudhah, saha ing mangsa-mangsa sanes ipun ingkang dipun mulyakaken.

Wonten kitab Lathaiful Ma’arif angitananipun al-Hafidz Ibnu Rajab al-Hanbali, juz I koco 135, dipun ngendikakaken bilih wulan Sya‘ban punika kados dene pambuko (muqaddimah) tumuju wulan Ramadhan, mila ing wulan punika dipunsyariataken ugi perkawis-perkawis ingkang dipunsyariataken ing wulan Ramadhan, kados ta poso saha maos Al-Qur’an; supados kawujud kesiapan kanggo nampi rawuhipun wulan Ramadhan ingkang mulyo, lan supados saged kabiasakaken lan katata angenipun nglampahi ibadah lan ketaatan dhateng Allah Kang Maha Asih wonten sasi Ramadhan ingkang agung.

Hadirin jamaah Jumat rahimakumullah

Panjenenganipun Imam Ibnu Rajab al-Hanbali ngeriwayataken kanti sanad ingkang lemah saking sahabat Anas bin Malik ra panjenenganipun dawuh: 

كَانَ الْمُسْلِمُونَ إِذَا دَخَلَ شَعْبَانُ أَنكَبُّوا عَلَى الْمَصَاحِفِ فَقَرَؤُوهَا، وَأَخْرَجُوا زَكَاةَ أَمْوَالِهِمْ تَقْوِيَةً لِلضَّعِيفِ وَالْمِسْكِينِ عَلَى صِيَامِ رَمَضَانَ

Artosipun: “Wong-wong  Islam nalika  sampun mlebet wulan Sya‘ban, sami sregep ngadhep mushaf Al-Qur’an lajeng sami maos, lan sami ngetokaken zakat saking bandhanipun, minangka upaya ngiyataken tiyang ingkang ringkih lan fakir miskin, supados nglampahi poso Ramadhan.”

Panjenenganipun ugi nyeriaosaken bilih ulama-ulama salaf sami ngendiko bilih wulan Sya‘ban punika wulanipun para pamaos Al-Qur’an.  Dipun ngendikakaken bilih Amr bin Qais al-Mula’i menawi wulan Sya‘ban sampun mlebet, piyambakipun nutup warungipun, lajeng nyawisaken wekdalipun kanthi dipun kebaki kanggo maos Al-Qur’an.

Jamaah jumat rahimakumullah

Mekatenlah kawigatosanipun ulama-ulama salaf angenipun sawi maos Al-Qur’an wonten wulan Sya’ban sehinggo sasi Sya’ban dipun wastani sasi Qur’an minongko kesiapan kanggo nampi rawuhipun wulan Ramadhan ingkang mulyo wulan ingkang kebak ganjaran, lan supados saged kabiasakaken lan katata nglampahi ibadah lan ketaatan dhateng Allah khususipun maos al-Qur’an wonten sasi Ramadhan ingkang bade dugi sekedap malih. 

Hadirin rahimakumullah

Moas Al-Qur’an puniko salah setunggal amalan ingkang ageng sanget ganjaranipun awit ganjaranipun dietang pinten aksoro ingkang dipun waos tasih diping sedoso kelipatanipun. Kados ingkang dipun ngendikakaken wonten hadits Saking ‘Abdullah bin Mas‘ud radhiyallahu ‘anhu, piyambakipun ngendika bilih Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam dawuh:

مَنْ قَرَأَ حَرْفًا مِنْ كِتَابِ اللَّهِ فَلَهُ بِهِ حَسَنَةٌ، وَالْحَسَنَةُ بِعَشْرِ أَمْثَالِهَا، لَا أَقُولُ: الم حَرْفٌ، وَلَكِنْ أَلِفٌ حَرْفٌ، وَلَامٌ حَرْفٌ، وَمِيمٌ حَرْفٌ

Artosipun: “Sintên kemawon ingkang maos satunggal aksara saking Al-Qur’an, badhe pikantuk satunggal kesaenan (ganjaran). Lan satunggal kabecikan punika badhe kaping sepuluh ganjaranipun. Kula boten ngendika bilih Alif Lām Mīm punika satunggal aksara, nanging Alif satunggal aksara, Lām satunggal aksara, lan Mīm ugi satunggal aksara.” (HR. At-Tirmidzi)

Kejawi ganjaran ingkang agung, Al-Qur’an benjang wonten dinten kiamat bade nulungi (nyafangati) dhateng tiyang ingkang maos al-Qur’an. Kanjeng Nabi dawuh: 

اِقْرَءُوا الْقُرْآنَ فَإِنَّهُ يَأْتِي يَوْمَ الْقِيَامَةِ شَفِيعًا لِأَصْحَابِهِ

Artosipun: “Moco-o Al-Qur’an, awit Al-Qur’an punika badhe rawuh ing dinten Kiamat dados juru syafa‘at kangge para pamaosipun.” (HR Imam Muslim)

Hadirin jamaah Jumat rahimakumullah

Mila saking punika, sumangga kita sedaya tansah sami ngatah-ngatah aken lan ngelatih dhiri kanggé istiqāmah maos Al-Qur’an, langkung-langkung wonten ing wulan Sya‘bān punika. Supados manah lan lisan kita sampun kabiasakaken maos Al-Qur’an nalika mlebet wulan Ramadhān, inggih punika wulan ingkang agung, wulan ingkang ganjaranipun dipun tikel-tikelaken ngantos sewu kaping. 

Mugi kita sedaya tansah pikantuk taufīq lan pitulungan saking Allah Subhānahu wa Ta‘ālā, sehingga wonten ing wulan ingkang mulya punika, kita sedaya dipun dadosaken kawula-kawula-Nipun ingkang mulya kanti nglampahi ibadah dan ketaatan. Lan mugi-mugi kito sedoyo mbenjang wonten dinten kiamat angsal safaate al-Qur’an. Āmīn. Amin. Amin. yā Rabbal ‘ālamīn.

أعُوذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطانِ الرَّجِيمْ، بِسْمِ اللهِ الرَّحْمنِ الرَّحِيمْ: اقْرَا بِاسْمِ رَبِّكَ الَّذِي خَلَقَ * خَلَقَ الْإِنْسانَ مِنْ عَلَقٍ *  اقْرَا وَرَبُّكَ الْأَكْرَمُ* الَّذِي عَلَّمَ بِالْقَلَمِ* عَلَّمَ الْإِنْسانَ ما لَمْ يَعْلَمْ* بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ بِالْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ ، إِنَّهُ تَعَالَى جَوَادٌ كَرِيْمٌ ، مَلِكٌ بَرٌّ رَؤُوْفٌ رَحِيْمٌ 

Khutbah II

الْحَمْدُ لِلهِ الَّذِيْ أتَمَّ عَلَيْنَا نِعْمَتَهُ، وَأَكْمَلَ لَنَا الدِّيْنَ، وَشَرَّعَ لَنَا مِنَ الْأَعْمَالِ الصَّالِحَاتِ أَنْوَاعًا وَأَصْنَافًا لِنَتَقَرَّبَ بِهَا إِلَى رَبِّ الْعَالَمِيْنَ، أَشْهَدُ أَنْ لَا إلٰهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ أَكْرَمُ الْأَكْرَمِيْنَ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الْمُصْطَفَى عَلَى جَمِيْعِ الْأَنْبِيَاءِ وَالْمُرْسَلِيْنَ، اللهم صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِيْهِمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ

أَمَّا بَعْدُ: فَيآأيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ رَحِمَكُمُ اللهُ، اتَّقُوا اللهَ، اتَّقُوااللهَ تَعَالَى وَأَطِيْعُوْهُ، فَإِنَّ طَاعَتَهُ أَقْوَمُ وَأَقْوَى، وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى، وَاحْذَرُوا أَسْبَابَ سَخَطِ الْجَبَّارِ، فَإِنَّ أَجْسَامَكُمْ عَلَى النَّارِ لَا تَقْوَى

وَاعْلَمُوا أَنَّ أَصْدَقَ الْحَدِيْثِ كِتَابُ اللهِ، وَخَيْرَ الْهَدْيِ هَدْيُ مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ , وَشَرَّ الْأُمُوْرِ مُحْدَثَاتُهَا وَكُلَّ مُحْدَثَةٍ بِدْعَةٌ وَكُلَّ بِدْعَةٍ ضَلَالَةٌ 

وَعَلَيْكُمْ بِالْجَمَاعَةِ، فَإِنَّ يَدَ اللهِ مَعَ الْجَمَاعَةِ، وَمَنْ شَذَّ شَذَّ فِيْ النَّارِ 

اللهم صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا وَحَبِيْبِنَا وَشَفِيْعِنَا وَقُرَّةِ أَعْيُنِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَأَزْوَاجِهِ وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ، وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِيْهِمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ بِرَحْمَتِكَ يَآأرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ وَالْحَمْدُ لِلهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ 

اللهم اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ، وَالْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، الْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ؛ اللهم أَعِزَّ الْإِسْلَامَ وَالْمُسْلِمِيْنَ، وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَالْمُشْرِكِيْنَ، وَدَمِّرْ أَعْدَاءَ الدِّيْنِ، وَاجْعَلْ هٰذَا الْبَلَدَ آمِنًا، رَخَاءً،  سَخَاءً، وَسَائِرَ بِلَادِ الْمُسْلِمِيْنَ؛ اللهم نَوِّرْ عَلَى أَهْلِ الْقُبُوْرِ قُبُوْرَهُمْ، اللهم اغْفِرْ لِلْأَحْيَاءِ وَيَسِّرْ لَهُمْ أُمُوْرَهُمْ 

اللهم ادْفَعْ عَنَّا الْغَلَاءَ وَالْوَبَاءَ وَالرِّبَا وَالزَّلَازِلَ وَالْمِحَنَ ، وَسُوْءَ الْفِتَنِ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ ، عَنْ بَلَدِنَا هٰذَا خَاصَّةً ، وَعَنْ سَائِرِ بِلَادِ الْمُسْلِمِيْنَ عَامَّةً ، بِرَحْمَتِكَ يَآ أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ 

عِبَادَ اللهِ … إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتَاءِ ذِيْ الْقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَاْلبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ، وَاذْكُرُوا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ، وَاشْكُرُوْهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرْ، وَاللهُ يَعْلَمُ مَا تَصْنَعُوْنَ 

Ustadz Muhamad Hanif Rahman, Dosen Ma’had Aly Al-Iman Bulus dan Pengurus LBM NU Purworejo

0
emoji-1
Emoji
0
emoji-2
Emoji
0
emoji-3
Emoji
0
emoji-4
Emoji
0
emoji-5
Emoji
0
emoji-6
Emoji
0
emoji-7
Emoji
Berlangganan Newsletter Kami Sepenuhnya Gratis Jangan lewatkan kesempatan untuk tetap mendapatkan informasi terbaru dan mulai berlangganan email gratis Anda sekarang.

Comments are closed.

Login

To enjoy kabarwarga.com privileges, log in or create an account now, and it's completely free!

Install App

By installing our application, you can access our content faster and easier.

Ikuti Kami
KAI ile Haber Hakkında Sohbet
Sohbet sistemi şu anda aktif değil. Lütfen daha sonra tekrar deneyin.