Khutbah I
الْحَمْدُ لِلّٰهِ الدَّاعِي إِلَى طَاعَتِهِ، وَالْمُوَفِّقُ لِهِدَايَتِهِ، الَّذِي أَمَرَ عِبَادَهُ بِعِبَادَتِهِ، وَبَيَّنَ لَهُمْ أَحْكَامَ شَرِيعَتِهِ. وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللّٰهُ اعْتِقَادًا لِرُبُوبِيَّتِهِ، وَإِذْعَانًا لِجَلَالِهِ وَعَظَمَتِهِ وَصَمَدِيَّتِهِ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ الْمُصْطَفَى مِنْ خَلِيقَتِهِ، وَالْمُخْتَارُ الْمُجْتَبَى مِنْ بَرِيَّتِهِ، وَالصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ عَلَى خَيْرِ الْإِنْسَانِ الْمُبَلِّغِ عَنْ رِسَالَةِ الرَّحْمٰنِ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ، وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ الْمَحْبُوْبِيْنَ جَمِيْعًا. أَمَّا بَعْدُ، فَإِنِّي أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ، الْقَائِلِ فِي مُحْكَمِ كِتَابِهِ: يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوا اتَّقُوا اللّٰهَ حَقَّ تُقٰىتِهٖ وَلَا تَمُوْتُنَّ اِلَّا وَاَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ
Jamaah Jumat rahimakumullah,
Wonten dinten kebak berkah meniko, sepindah monggo kito sareng-sareng ningkataken ketakwaan dumateng Gusti Allah, ugi nyuwun pitulung, pituduh lan pengapuro. Tiyang ingkang takwa marang Gusti Allah kalebet tiyang ingkang pikantuk begjo. Gusti Allah dawuh:
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اصْبِرُوا وَصَابِرُوا وَرَابِطُوا وَاتَّقُوا اللَّهَ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُونَ
Artosipun: “Hei wong-wong kang podo iman, sabaro dan teguhno pendirianmu, serto takwaho marang Gusti Allah, supoyo siro kabeh pikantuk keberhasilan.” (QS Ali Imran: 200)
Kaping kaleh, solawat serto salam keaturaken dumateng Kanjeng Nabi Muhammad ingkang sampun ngajaraken akhlak, tauhid, lan ibadah dateng umatipun kanti ikhlas.
Jamaah ingkang minulyo,
Alhamdulillah sakmeniko kito sampun mlebet wonten ing wulan Sya’ban. Sya’ban minangko sasi kaping wolu wonten ing penanggalan Hijriyah, minongko salah suwijining sasi kang mulya lan utomo. Sasi puniko dipun mulyakake kanti ageng saking Kanjeng Nabi Muhammad SAW.
Kanjeng Nabi sampun ngewarnani marang umatipun supoyo mboten nyio-nyioaken lan kesupen kaliyan keluhuran sasi Sya’ban puniko amargi katah manungso ingkang mboten nggatosaken. Wonten ing sawijining hadits:
عَنْ أُسَامَةَ بْنِ زَيْدٍ رَضِيَ اللهُ عَنْهُمَا قَالَ: قُلْتُ: يَا رَسُوْلَ اللهِ!، لَمْ أَرَكَ تَصُوْمُ مِنْ شَهْرٍ مِنَ الشُّهُوْرِ مَا تَصُوْمُ مِنْ شَعْبَانَ؟ قَالَ: ذٰلِكَ شَهْرٌ يَغْفُلُ النَّاسُ عَنْهُ، بَيْنَ رَجَبَ وَرَمَضَانَ، وَهُوَ شَهْرٌ تُرْفَعُ فِيْهِ اْلأَعْمَالُ إِلَى رَبِّ اْلعَالَمِيْنَ. فَأُحِبُّ أَنْ يُّرْفَعَ عَمَلِيْ وَأَنَا صَائِمٌ
Artosipun: “Saking Usâmah bin Zaid ngucap: “Ya Rasulullah! Kula mboten nate mirsani Panjenenganipun nambahaké poso wonten ing sasi pundi kimawon, kados wonten ing Syaban. Kanjeng Nabi mangsuli: ‘Iku sasi ingkang dilaliaken manungsa, wonten ing antarané Rajaban kaliyan Ramadhan, nanging sasi punika wektu ingkang amal tumindak menungsa kabèh diangkat marang Gusti Allah. Mulane ingsun seneng amal ingsun diangkat munggah dipun laporaké naliko ingsun lagi poso.‘” (HR. Nasai)
Jamaah Jumat ingkang sami bahagio,
Saking hadits puniko saged kito pahami keluhuran sasi Sya’ban. Kanjeng Nabi ngluhuraké sasi puniko kanti nambahaké poso Sya’ban. Sasi Sya’ban dawah wonten ing antarané Rajaban kaliyan Ramadan, ananging katah menungso ingkang mboten kawigatosan.
Ananging sasi puniko dados wekdal ingkang amal kito sedoyo dipun laporaken marang Gusti Allah. Hadis puniko ugi nuduhaken supados nguripi wektu istimewa ingkang menungso lintu podo lali kanti ibadah lan amal saleh.
Mulane wonten ing sasi Sya’ban puniko kito dipun sunahaken poso, mboten namung nahan mangan lan ngunjuk awit fajar sadiq tekan surup srengenge, nanging kudu nggayuh hakekaté poso, yoiku ninggalaken kemaksiatan kados omong-omong olo lan sakpitunggalipun.
Jamaah ingkang dirahmati Gusti Allah,
Wonten ing jaman media sosial puniko, kito ugi kedah poso saking nggawé status utawi unggahan ingkang isiné caci maki, hoaks, fitnah, utawi ujaran kebencian. Puniko kalebet tumindak keji ingkang kedah ditinggalaké.
Manungso ingkang nindakaké kezaliman marang liyane, saged kelangan amal shalih lan dados muflis utawi rugi ing ngersané Allah.
Poso sunnah kados puniko minongko coro nggayuh berkah wonten ing sasi Syaban. Kados piwulang Kanjeng Nabi, awit mlebet Rajaban kito ndedungo:
اللَّهُمَّ بَارِكْ لَنَا فِى رَجَب وَشَعْبَانَ وَبَلِّغْنَا رَمَضَانَ
Artosipun: “Ya Allah, mugi njenengan paringaké berkah marang kami wonten ing Rajaban lan Syaban, lan dumugiaken wonten ing Ramadhan.“
Puniko coro nambah kualitas amal wonten ing sasi Syaban kanthi poso sejati, ninggalaké maksiat lan dosa, sehinggo nggayuh berkah urip lan tambahipun kabecikan, manfaat, lan kemaslahatan.
Mugi kito sedoyo keparingan berkah wonten ing sasi Syaban punika kaliyan Ramadhan ingkang bade dugi. Mugi kito sedoyo ditebihaken saking bala lan musibah. Amiin.
أَقُوْلُ قَوْلِيْ هٰذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللّٰهَ لِيْ وَلَكُمْ، فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ
Khutbah II
الْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللَّهُ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لَا نَبِيَّ بَعْدَهُ. اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ، وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ الْمُجَاهِدِيْنَ الطَّاهِرِيْنَ. أَمَّا بَعْدُ، فَيَا أَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ، أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ. يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللّٰهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ. وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى.
فَقَدْ قَالَ اللهُ تَعَالَى فِي كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ: أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ، بِسْمِ اللهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ : إِنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا. اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ، وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ، كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ، وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ، كَمَا بَارَكْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ، فِي الْعَالَمِينَ إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ.
اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ. اَللّٰهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الْغَلَاءَ وَالْوَبَاءَ وَالطَّاعُوْنَ وَالْأَمْرَاضَ وَالْفِتَنَ، مَا لَا يَدْفَعُهُ غَيْرُكَ، عَنْ بَلَدِنَا هٰذَا إِنْدُوْنِيْسِيَّا خَاصَّةً، وَعَنْ سَائِرِ بِلَادِ الْمُسْلِمِيْنَ عَامَّةً، يَا رَبَّ الْعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا اٰتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً، وَفِي الْاٰخِرَةِ حَسَنَةً، وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.
عِبَادَ اللهِ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْإِحْسَانِ وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ، يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. فَاذْكُرُوا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ، وَاشْكُرُوْهُ عَلٰى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ، وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ




Comments are closed.