Thu,30 July 2026
USD41,57
%0.21
EURO48,55
%0.10
GBP55,54
%0.10
BIST11.258,72
%-1.04
GR. ALTIN5.012,06
%0.23
İstanbul
Ankara
İzmir
Adana
Adıyaman
Afyonkarahisar
Ağrı
Aksaray
Amasya
Antalya
Ardahan
Artvin
Aydın
Balıkesir
Bartın
Batman
Bayburt
Bilecik
Bingöl
Bitlis
Bolu
Burdur
Bursa
Çanakkale
Çankırı
Çorum
Denizli
Diyarbakır
Düzce
Edirne
Elazığ
Erzincan
Erzurum
Eskişehir
Gaziantep
Giresun
Gümüşhane
Hakkâri
Hatay
Iğdır
Isparta
Kahramanmaraş
Karabük
Karaman
Kars
Kastamonu
Kayseri
Kırıkkale
Kırklareli
Kırşehir
Kilis
Kocaeli
Konya
Kütahya
Malatya
Manisa
Mardin
Mersin
Muğla
Muş
Nevşehir
Niğde
Ordu
Osmaniye
Rize
Sakarya
Samsun
Siirt
Sinop
Sivas
Şırnak
Tekirdağ
Tokat
Trabzon
Tunceli
Şanlıurfa
Uşak
Van
Yalova
Yozgat
Zonguldak
  1. News
  2. #Aswaja
  3. Khutbah Bahasa Jawa: Tradisi Sedekahan lan Donga Tolak Balak ing Wulan Sapar

Khutbah Bahasa Jawa: Tradisi Sedekahan lan Donga Tolak Balak ing Wulan Sapar

khutbah-bahasa-jawa:-tradisi-sedekahan lan donga tolak-balak ing-wulan-sapar
Khutbah Bahasa Jawa: Tradisi Sedekahan lan Donga Tolak Balak ing Wulan Sapar
service

Pada bulan Safar atau dalam bahasa Jawa disebut Sapar, di beberapa daerah diadakan sejumlah tradisi berbalut nilai keagamaan. Seperti sadranan saparan yang dilaksanakan oleh warga di lereng Gunung Merbabu, ataupun sebar apem di daerah Jatinom Klaten dan Pengging Boyolali. Kegiatan tersebut secara substansi berisi doa untuk hal yang baik disertai dengan sedekah, dengan tujuan untuk dijauhkan dari musibah, penyakit, dan lain sebagainya.
 

Teks Khutbah Bahasa Jawa berikut ini dengan judul “Sedekah lan Dunga ing Wulan Sapar Minangka Tolak Balak”. Untuk mencetak naskah khutbah Jumat ini, silakan klik ikon print berwarna merah di atas atau bawah artikel ini (pada tampilan desktop). Semoga bermanfaat!
 

Khutbah I
 

اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ. اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِيْ حَمْدًا يُوَافِيْ نِعَمَهُ وَيُكَافِئُ مَزِيْدَهُ، يَا رَبَّنَا لَكَ الْحَمْدُ كَمَا يَنْبَغِيْ لِجَلَالِ وَجْهِكَ وَلِعَظِيْمِ سُلْطَانِكَ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللّٰهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ وَصَفِيُّهُ وَخَلِيْلُهُ، خَيْرُ نَبِيٍّ أَرْسَلَهُ اللّٰهُ إِلَى الْعَالَمِ كُلِّهِ بَشِيْرًا وَنَذِيْرًا. اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى أَلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَاةً وَسَلَامًا مُتَلَازِمَيْنِ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ
 

أَمَّا بَعْدُ، فَيَاأَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ اِتَّقُوا اللّٰهَ  فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْن. قَالَ اللّٰهُ تَعَالَى فِي الْقُرْاٰنِ الْعَظِيْمِ. أَعُوْذُ بِاللّٰهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ: يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوا اتَّقُوا اللّٰهَ حَقَّ تُقٰىتِهٖ وَلَا تَمُوْتُنَّ اِلَّا وَاَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ
 

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah Sedaya puji namung kagunganipun Gusti Allah swt, Dzat ingkang Maha Kuwaos, ingkang sampun nyiptaaké langit lan bumi sak isine. Kanthi sedaya nikmatipun, mangga kita syukuri kelawan gunaaké nikmat punika ing dalan kang saé.
 

Wonten ing pambuka sidang khutbah ingkang minulya punika, kepareng khatib ngaturaken pepéling kagem kita sedaya. Manggaha kita tansah ningkataken takwa kita, kelawan nindakaké perintah saking Gusti saha nebihi sedaya awisanipun. Mugi-mugi kita kalebet golongan ingkang angsal Ridha saking Gusti Allah ta’ala. Dhawuhipun Allah ing Al-Qur’an:
 

وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى وَاتَّقُونِ يَا أُولِي الأَلْبَابِ
 

Artosipun, “Pada (gawa) sanguha sira kabeh, mangka setuhuné luwih bagus-bagusé sangu, yaiku takwa marang Allah. Lan padha takwaha sira kabeh ing Ingsun (Allah), héi wong kang padha duweni akal.” (QS Al Baqarah ayat 197).
 

Jamaah sidang Jumat ingkang minulya
Ing wulan Sapar punika, kathah tradisi ingkang dipun wontenaken kalian masyarakat ing Nusantara, khususipun wonten ing tlatah Jawa. Kaya dene sadranan saparan ing lereng Merbabu, lajeng sebaran apem wonten ing Jatinom Klaten lan Pengging Boyolali. Ugi tradisi ing daerah-daerah sanesipun.
 

Tradisi ingkang kados punika, sejatosipun gadahi makna filsosofi utawi nilai-nilai ing agami Islam. Sebab wonten pelaksanaanipun sejatosipun nglampahi amalan sedekah saha dedunga kalian Gusti Allah, supados diparingi kesahenan lan keslametan, saha dipun tebihaken saking balak, penyakit, lan musibah.
 

Sampun sak mestine, kita sedaya padha nyuwun dunga marang Gusti Allah Ta’ala. Sebab, namung Gusti Allah ingkang saget maringi keslametan marang kita sedaya. Ikhtiar nyuwun keselametan, kelawan dunga punika, ugi sampun dipun dhawuhaken Gusti Allah ing Al-Qur’an:
 

وَقَالَ رَبُّكُمُ ادْعُوْنِيْٓ اَسْتَجِبْ لَكُمْۗ
 

Artosipun: “Sampun dhawuh sapa Pengeran ira kabeh: padha nyuwuna sira kabeh ing Ingsun (Allah), Ingsun bakal nyembadani marang sira kabeh,” (QS Ghafir ayat 60).
 

Wonten ing Tafsir Al-Ibriz, juz 24 kaca 1298, KH Bisri Musthora paring keterangan, bilih ayat punika saget dipun maknani perintah supados kita ngibadah marang Gusti Allah. Kanthi wasilah ibadah utawi dunga punika, Gusti Allah bakal paring ganjaran utawi nyembadani panyuwunan saking kawulane.
 

Dunga menika, ugi ibarate saget dados senjatane tiyang mukmin supados angsal pitulungane Gusti. Dhawuhipun Kanjeng Nabi Muhammad saw:
 

الدُّعَاءُ سِلاَحُ الْمُؤْمِنِ، وَعِمَادُ الدِّينِ، وَنُورُ السَّمَاوَاتِ وَالأَرْضِ
 

Artosipun: “Dunga iku dadi senjatane wong mukmin, cagake agama, lan dadi pepadhange langit lan bumi,” (HR Al Hakim).
 

Jamaah sidang Jumat ingkang minulya Ing tradisi saparan punika, ugi mesti dipun wontenaken sedekahan. Sedekah punika ugi kalebet salah setunggale ikhtiar kangge pados keslametan. Dhawuhipun Kanjeng Nabi Muhammad saw:
 

صَنَائِعُ الْمَعْرُوْفِ تَقِيْ مَصَارِعَ السُّوْءِ وَصَدَقَةُ السِّرِّ تُطْفِئُ غَضَبَ الرَّبِّ
 

Artosipun: “Amalan-amalan ingkang becik bakal ngreksa kita saking perkara kang awon, lan sedekah kang dilakoni kanthi rahasia bakal ngreksa kita saking bendune Pengeran.” (HR Ath-Thabarani).
 

Wonten ing hadits sanesipun Kanjeng Nabi ugi sampun paring dhawuh:
 

حَصِّنُوْا أَمْوَالَكُمْ بِالزَّكَاةِ وَدَاوُوْا مَرْضَاكُمْ بِالصَّدَقَةِ
 

Artosipun: “Jaganen bandha sira kabeh kelawan zakat lan awehana obat marang wong-wong kang padha nandang lara kelawan (wasilah) sedekah.” (HR Ath-Thabarani).
 

Hadits-hadits ingkang sampun dipun aturaken menika, maringi keterangan fadhilah utawi kautamaane sedekah. Bilih kanthi wasilah sedekah, antawisipun saget dados wasilah, ngudi kesarasan tumerape wong kang nandang gerah. Tentunipun, usaha kanthi cara medis tetep kita lampahi lan kita sartani kelawan dunga lan sedekah.
 

Sedekah menika ugi saget dados dalan keslametan kita, saking bendune Gusti lan siksa neraka. Dhawuhipun Kanjeng Nabi Muhammad saw:
 

اِتَّقُوْا النَّارَ وَلَوْ بِشِقِّ تَمْرَةٍ
 

Artosipun: “Jaganen sira kabeh saking geni neraka, senajan namung sedekah kurma setengah bagian.” (HR Imam Al-Bukhari).
 

Jamaah sidang Jumat ingkang minulya
Saking keterangan ingkang sampun kasebat wau, mangga kita tansah ndherek nguri-uri tradisi sae ingkang wonten ing daerah kita piyambak. Kados dene tradisi saparan punika, sejatosipun ngajarake supados kita tansah ngugemi amalan sedekah lan dunga, kangge ikhtiar pados keslametan.
 

Mugi-mugi kita sedaya dipun dadosake kalebet tiyang ingkang slamet lan begja dunya akhirat. Lan mugi kita sedaya pinaringan gesang ingkang dipun ridhani Gusti. Ugi benjang dipun pejahake kanthi keadaan ingkang sahe. Amin ya Rabbal ‘alamin.
 

بَارَكَ الله لِي وَلَكُمْ فِي اْلقُرْآنِ اْلعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنْ آيَةِ وَذِكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا فَأسْتَغْفِرُ اللهَ العَظِيْمَ إِنَّهُ هُوَ الغَفُوْرُ الرَّحِيْم

​​​​​​​

Khutbah II
 

الْحَمْدُ لِلّٰهِ وَالْحَمْدُ لِلّٰهِ ثُمَّ الْحَمْدُ لِلّٰهِ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إلٰهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الَّذِيْ لَا نَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ  وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى أَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ القِيَامَةِ
 

أَمَّا بَعْدُ، فَيَا أَيُّهَا النَّاسُ أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ. فَقَالَ اللهُ تَعَالَى: إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يٰأَ يُّها الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا اَللّٰهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى أَلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ
 

اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ، اَلْأَحْياءِ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ. اَللّٰهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلَاءَ وَاْلوَبَاءَ والقُرُوْنَ وَالزَّلَازِلَ وَسُوْءَ اْلفِتَنِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا إِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ بُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عامَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. اَللّٰهُمَّ أَرِنَا الْحَقَّ حَقًّا وَارْزُقْنَا اتِّبَاعَهُ وَأَرِنَا الْبَاطِلَ بَاطِلًا وَارْزُقْنَا اجْتِنَابَهُ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. وَاَلْحَمْدُ لِلّٰهِ رَبِّ الْعٰلَمِيْنَ عِبَادَ اللهِ
 

إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتاءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشاءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ، وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ، وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ، وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ

​​​​​​
 

Ustadz Ajie Najmuddin, Pengurus MWCNU Banyudono Boyolali

0
emoji-1
Emoji
0
emoji-2
Emoji
0
emoji-3
Emoji
0
emoji-4
Emoji
0
emoji-5
Emoji
0
emoji-6
Emoji
0
emoji-7
Emoji
Berlangganan Newsletter Kami Sepenuhnya Gratis Jangan lewatkan kesempatan untuk tetap mendapatkan informasi terbaru dan mulai berlangganan email gratis Anda sekarang.

Comments are closed.

Login

To enjoy kabarwarga.com privileges, log in or create an account now, and it's completely free!

Install App

By installing our application, you can access our content faster and easier.

Ikuti Kami
KAI ile Haber Hakkında Sohbet
Sohbet sistemi şu anda aktif değil. Lütfen daha sonra tekrar deneyin.